BEBUKANING ATUR
Alhamdulilah, puji syukur dhumateng
ngarsane Gusti Kang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat, berkah tuwin
hidayahipun dhumateng kula kalian rencang-rencang sahingga saged ngrampungaken
tugas niki.
Ing makalah
punika dipundharaken asal-usulipun upacara adat Tiban. Mugi-mugi makalah punika
saged dipun gunakaken
kangge ngleluri sarta nglestarekaken upacara adat Tiban.
Mbok bilih wonten kekirangan, kita ngaturaken
nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami. Kritik sarta saran ingkang ngebangun
sanget kita ajeng-ajeng kangge kasempurnanipun makalah niki. Mugi-mugi makalah
niki saged migunani kagem pemaos sedaya.
Daftar Isi
A. Latar
belakang
Kesenian Tiban yaiku kesenian
tradisional sing wus turun temurun saka nenek moyang. Laire kesenian Tiban
awale saka kahanan alam wektu kui ana musim kemarau kang sui banget. Wong-wong
tani pada ora bisa tandur lan ora bisa panen.Cara apa wae wus dilakoni kanggo
ngolehake banyu nanging hasil e ora ana. Istilahe biyen kui diarani paceklik
utowo kurang pangan.
Banjur ana sesepuh kang ndedonga
kanggo cara kang agamis nenuwun marang Gusti ben diwenehi udan. Saka donga kui
diapresiasikan ing seni kangrame-rame ing lapangan kang panas. Wong wong
ngadakake seni kaya tiban. Pirantine Tiban nganggo pecut kang saka sada aren.
Sada kui dikireti terus dililit. Gawe siji lilitan biasane mbutuhake 17 glintir
sada kang sabanjure digawe pecut/cambuk kang istilah jowo ne
"upat-upat".
Banjur digawe para warga kanggo
sabet-sabetan sinambi jejogetan. Alat kang ngiringi tiban ana
toti,kentongan,kendang, gong. Alat kui ana tegese. Tegese yaiku saka
saben-saben kelompok kang arep ditiban disaranake ana sesepuh kang wus kang sinebut landang. Disaranake gawe sabetane
ngikuti irama gamelan, kang ateges tatune ora dirasakake utawa lali karo larane
amarga jejogetan melu iramane gamelan.
Tetesan
getih mujudake donga kang awujud seni. Sesuk awane kedadeyan udan tenan, mangka
ing dina kui sik paceklik. Wusana udan kui bisa kanggo tandur. Amarga udan iki
ora pas musime udan akhire dijenengi TIBAN.
B.
Pelajaran kang bisa dijupuk
Sabetan kang banter nganti wong
kasebut bisa nglakoni opo kang wong biasa ora bias nglakoni/ngrasakake.
Kedadeyan kasebut diarani Tirakat. Tirakat dilakoni kannggo ngolehake opo kang
dipingini.
Ritual iki nganggo ilmu permainan
atraksi. Yaiku ilmu kang digunakake pas pertunjukan utawa ritual dianakake.
Ilmu iki meh pada karo kanuragan kang ndudohake kekebalan awak.
C. Kriteria/ Syarate dadi pemandu tiban
Kriteriane/syarate kanggo sing biasane
ngewangi minimal deweke nguwasani teori-teorine tiban. Kapindhone, deweke
dinggep sing paling sepuh nganti duweni wibawa. Katelu, deweke sehat lair lan
batine.
Kajaba
kui, ana wasit kang mimpin mlakune adicara, lan wong loro pelandang kang dadi
pembantune. Katelune kalebu tetuane Tiban kang yuswane rata-rata luwih saka 40
tahun lan nguasani seluk beluke Tiban kanti mrinci. Amarga wibawane kang gede, iki bisa nyengkuyung mlakune
Tiban kanthi sportif/ora bakal ana alangan sawiji opo.
D. Efek/akibate
kena sabetan cambuk Tiban
1. Anane getih yen tatu sing kebukak. Tatu iki
kulina kanggo para pandolan tiban. Bakal mari 2-3 dina.
2. Anane tipak tatu kang kabukak.
3. Memar. Biasane tatu iki bakal
mari luwih sui saka tatu kang kabukak.
Tuladhane upat-upat/ cambuk Tiban


Tidak ada komentar:
Posting Komentar