Selasa, 16 Oktober 2018

KUPATAN

BEBUKANING ATUR

Alhamdulillah, puji syukur kita aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung, sahengga laporan observasi punika saged kasusun kanthi sae. Mboten kesupen kita aturaken matur sembah nuwun kagem Bu Fera ingkang tansah paring bimbingan kagem nyusun laporan observasi menika. Kita aturaken matur sembah nuwun malih kagem Bapak Ibu Narasumber ingkang sampun maringi informasi kagem nyusun laporan menika.
Laporan observasi kanthi irah-irahan “Laporan Observasi Basa Jawa Kupatan” menika kasusun kagem njangkepi tugas semester 1 mata pelajaran basa jawa. Kita mangertos bilih laporan menika tebih saking tembung sampurna, pramila menika kita nrima saran kalihan kritik kagem nyampurnaaken laporan punika.
Mugi-mugi laporan observasi menika saged paring mapinten-pinten manfaat dumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kita minangka panyerat ugi kathah kakirangan, pramila panyaruhe saha panyendu tansah kula antu-antu.

Trenggalek, 13 September 2018


Panyerat


DAFTAR ISI


BEBUKANING ATUR                                  ........ ii
DAFTAR ISI                                                   ........ iii
A.         SEJARAH “KUPATAN”                        ........ 1
B.          URUTAN ACARA                                  ........ 1-2
C.          MAKNA ACARA KUPATAN               ........ 2
D.         FILOSOFI KUPATAN                            ........ 2
E.          CARA NGGAWE KUPAT                     ........ 3
F.           FOTO “KUPATAN”                                ........ 4-6
PENUTUP                                                      ........  7


A.Sejarah Kupatan

Asal usule kupatan yaiku diwiwiti saka pondok Kiyai Mesir ing Semarum, Kiyai Mesir iku salah sawijining tokoh ing Trenggalek sing ing jaman semana dadi salah siji penasehate Bupati. Ing wayah Bada(Idul Fitri) biasane Bupati jaluk tulung marang Kiyai Mesir kanggo ngancani Open House, amargo ngancani Bupati ing wayah Bada, Kiyai Mesir ora ana ing pondok pesantren uwong-uwong kang pingin silaturahmi marang Kiyai Mesir iku katundo. Kanggo ngganteni wektu silaturahmi kang ketundo wayah bada iku diganti ing Bada Kupat yaiku seminggu sakwise bada. Amarga saking akehe tamu sing pingin silaturahmi marang Kiyai Mesir sampek nggarakake antri sing dawa, amarga antrian sing dawa lan kauripan sosial sing isik kenthel para warga sekitar pondok iku ngrasa simpati lan nyuguhake ombe lan camilan kanggo masyarakat sing pada antri kanggo silaturohmi ing Kiyai Mesir. Saya suwe pakulinan kasebut berkembang lan panganan sing disuguhake iku kupat, kadadean iku sing nggarai muncule tradisi kupatan ing Durenan. Ora mung masyarakat sekitar Pondok Kiyai Mesir nanging saya suwi perihal kui berkembang ing desa Durenan. Saiki tradisi kupatan kui mau ora mung ana ning Durenan  nanging ugo berkembang ing desa liyane kayata ing Kedunglurah, Kamulan, lan Kelutan.


B.Urutan Acara

Urutan acara kupatan iku diwiwiti ing wayah esuk, ananging siji utawa rong dino sakdurunge iku wis cepak- cepak kanggo acara kupatan, kayata ngehias desa, masang umbul-umbul amrih desane ketok apik diswang uga resik-resik omah supaya apik disawang, ora lali para masyarakat nyepakake panganan sing arep disuguhne kanggo kupatan. Saben omah nyiapke jajan-jajan lan yaiku ubo rampe perlengkapan sing arep disuguhake kanggo acara kupatanIng dino kupatan, ing wayah isuk sekitar jam 4 utawa jam 5-nan para masyarakat uwis nyepakake panganan wis di siapake siji utawa rong dino sakdurunge amarga antarane jam 7 utawa jam 8 iku biasane uwis akeh tamu sing pada teka. Tamu-tamu sing teko ing tradisi kupatan iku ora mung warga Desa Durenan lan Kuto Treggalek amarga tradisi iki uwis berkembang, kupatan iki uwis kasebar sampek njaba desa lan kuto liyo sakliyane Kuto Trenggalek, kayata Tulungagung, Kediri, Ponorogo, lan Pacitan. Para warga ing njobo Kuto Trenggalek iku oleh informasi menawa, masio antarane para tamu lan uwong kang nyelenggarakake kupatan iku ora kenal, deweke iso panggah teko menyang omahahe sopo ae singa pingin ditamoni. Pak Hargo minangka narasumber lan salah siji masyarakat Durenan iku uga tau ditamoni uwong sing ora dikenali, ananging tamu kasebut panggah disumanggakake melu ngrayakake tradisi kupatan lan  nyicipi panganan tradisional khas kupatan. Acara kupatan iki rampung sampek jam 8 jam 9-nan wengi. Menawa wis ora ana tamu sing teko maneh para masyarakat wis pada ringkes-ringkes omah.


C. Makna Acara Kupatan
          Panganan tradisional kang disuguhake yaiku kupat uga bisa diganti lonthon. Ana maneh lodho yaiku, masakan saka  iwak pitik kang diasep terus dimasak bumbu kuning khas Jawa, jangan tewel, yaiku masakan saka tewel(nangka enom) kang digodhog disik uga dimasak bumbu kuning khas Jawa. Amarga saiki jamane wis modern para warga biasane uga nambahake masakan Cap Jay, soto, lan sate. Kanggo ombenane biasane dicepakake es campur lan banyu putih. Sak liyane panganan berat uga dicepakake panganan ringan kayata, kacang sembunyi, wafer, kripik, lan sapanunggalane.
Sakliyane tradisi, kupatan uga bisa nambah lan mbangun perekonomian rakyat sekitar Durenan amarga menawa arep wayah kupatan akeh banget uwong sing dodol janur, dodol kupat, lan dodol tewel (nangka sing isik enom). Kupatan iku ugo salah siji tradisi sing iso nambah kuate tali silatirahmi antarane para warga.


D.Filosofi Kupatan
Filosofi Kupatan  :
  1. Nyerminake macem-macem kasalahan manungsa. Iki bisa ditemokake saka kerumitan bungkusan e kupat.
  2. Kesucian ati. Sawise ketupat dibuka, bakal nunjukake beras putih lan iki nyerminake karesikan lan kesucian hati sawise njaluk apuraning kabeh kesalahan.
  3. Nggambarake kasampurnaan. Bentuk kupat iku sampurna lan dihubungne karo kamenangan umat Islam sawisĂ© sewulan pasa lan akhire ngrayakne Idul Fitri.
  4. Amarga ketupat biasané disuguhake karo lauk sing bersantan, banjur ning Jawa ana Pantun Jawa sing ngomong KUPAT SANTEN, Kulo Lepat Nyuwun Ngapunten (Aku Kesuwun Ngapunten).



E. Cara Nggawe Kupat
Bahan     :
  • 1 kg beras (utawa miturut jumlah sing dikarepake lan milih beras sing wangi kaya Rojolele)
  • Banyu putih sakcukupe 
  • Garam dapur sakcukupe
  • Daun pandan (pirang-pirang helai)
  • Anyaman ketupat (bisa tumbas ning pasar tradisional)


Cara nggawe ketupat   :
  1. Umbahen beras kanggo banyu sing mili nganti resik.
  2. Rendhem beras ing wadhah sing wis diisi banyu anyar
  3. Tambahen uyah lan aduk nganti rata.
  4. Guwangen banyu tipak beras mau lan tirisen sawentara menit.
  5. Lebokno godhong beras lan pandan kan wis ditirisne neng njero anyaman ketupat.
  6. Godhok banyu setengah mendidih banjur lebokno ketupat sing wis diisi beras.
  7. Pastikna kabeh bagianne ketupat kekum
  8. Godhok ketupat nganti 4-5 jam.
  9. Junjungen ati-ati lan delehen ning adah liyane. 
  10. Jarno sediluk lan ketupat siap disajikne.

Panutup
Kula lan rencang kula sadar ingkang damel laporan observasi punika taksih wonten kakirangan sak kedik lan kathahe, ingkang wonten kritik lan saran ingkang ajeng ngleresipun laporan observasi punika, injih sumangga maringi saran, mugi-mugi saget kagem pembelajaran kangge kita sedaya, matur suwun



Tidak ada komentar:

Posting Komentar