Atur Prawacana
Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung sahengga laporan punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang sampun paring kawruh lan seserepan sahengga laporan ingkang kasusun sae punika saged purna. Laporan karya tulis kanthi irah-irahan “Bersih desa Sumbergedong” punika minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Laporan menika kasusun kagem njangkepi tugas semester I mata pelajaran basa Jawa. Mugi-mugi laporan ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten-pinten manfaat dumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi kathah kakirangan, pramila panyaruwe saha panyendu tansah kula antu-antu. Trenggalek, 16 September 2018
Sejarah “Bersih Desa”
Asal Usul Bersih Desa Sumbergedong
Ing Sumbergedong ana sumber banyu sing diarani mbelik. Singkat cerita kang ndadekanke desa Sumbergedong. Sumber banyu iku ana ing lemah kosong kang jarene angker. Ceritane ana penunggune jenenge mbah mbelik. Ana anak, Jaka Bares sing dolanan ning kono lan dijaluk mbah Mbelik kon dadi penggantine lan anak kui teko sak iki ora mulih-mulih. Miturut warga, sak iki awujud Asu Baung yaiku asu kang luwih gedhe timbang asu biasane. Yen Asu Baung iku metu saka mbelik bakal kedadean pageblug, yaiku warga pada lara lan ninggal donya. Sumber banyu iku ora bakal asat masio usum ketigo sahingga warga ing desa Sumbergedong ora bakal kena kekeringan padahal ing desa liya tansah garing. Saben wula sela (wulan ke 11 ing Jawa) ngenekake nyadran lan para warga pada tirakatan lan syukuran ing panggonan iku. Menawi kagiatan iku dilalekake bakal kena bencana. Mulane sak iki saben tahun dienekake kegiatan rutinan lan warga pada percaya kabeh. Yen wayah nyadran sumber banyu iku bakal dikuras banyune lan diresiki sekitare. Terus sumber banyu iku dikeki kembang-kembang supaya sumber banyu iku kisenan bek banyu.
Misale warga ana acara kajatan, yen ora ngenekake sukuran ing mbelik bakal diganggu asu baung. Au baung iku jarene ndudohne wujude ing omah sing nduwe kajatan kui mau. Intine warga kudu ijin yen arep ngenekake acara. Juru kunci sumber banyu iku Lendeng, ledeng iku kerep ngresiki mbelik iku ing tengah wengi kanggo maksud ngajak jagongan marang mbah mbelik. Sak bubare nemoni mbah mbelik Ledeng banjur budhal ing ringin Pendopo. Kejadian tahun 2006 sak Nggalek kena banjir bandang, jarene kui akibat ora ana nyadran ing dam Bagong lan ora ana syukuran ing mbelik mulane kena banjir bandang. Sak iki kanggo awujud syukuran iku ing desa Sumbergedong ngenekake Bersih Desa. Acara iku dienekake kanggo ngresiki desa Sumbergedong lan mbelik iku mau.
Tujuan Bersih Desa
Kanggo ngucapake syukur marang Tuhan sing wis aweh anugrah kasil panen pari sing melimpah, kanggo njaga keslametan para warga desa saka gangguan hal-hal sing gaib,roh utawa arwah sing gentayangan uga saka gangguan-gangguan penyakit, keamanan lan bencana dan kanggo ngresiki desa lan wargane saka alangan utawa kesusahan supaya kaadaan desa dadi tentrem lan aman.
Susunan Acara
Prosesi kegiatan bersih desa Sumbergedong kawiwitan saka lomba RT paling resik, lomba pos kampling antar RT, mlaku bareng bupati lan wakil bupati Trenggalek, netepake Seumbergedong kampung anti narkoba, gebyar seni pelajar lan anak-anak, bakti sosial donor darah, festival seni Cethe, pameran UMKM, istighosah kubro, slametan agung “Mbelik” Sumbergedong, festival budaya lan seni tradisional lan keri dewe festival tiwul gratis.
Syarat-Syarat Bersih Desa
Syarat kang mesti ana ing acara bersih desa yaiku, ritual ing mbelik biasane ana sesajen(kembang-kembang).Sesajen iku ora sarana kanggo nyuwun marang barang ghaib nanging marang gusti Allah. Biasane bubar nglakoni ritual ana kegiatan genduren utawa mangan berkat bareng-bareng.
Penutup
Dadi bersih desa sumbergedong iku asal muasale saka mbelik iku.Bersih desa iku ora ana hubungane karo kamusyrikan, namung awujud rasa syukur marang Gusti Allah mergo dipun paringi rejeki ingkang kathah lan barokah. Desa Sumbergedong isih di paringi keslametan lan karukunan.Mugi mugi anane bersih desa iki Desa Sumbergedong tansah seneng ngembangake budaya lan adat ing desa iku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar