BEBUKANING ATUR
Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten
ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung sahengga makalah punika saget
kasusun kanti lancar. Mboten kesupen kita sedaya aturaken matur sembah nuwun
kagem tiyang sepuh kita ingkang tansah paring dunga pangestu saha para dwija
ingkang sampun paring kwaruh lan seserepan sahengga makalah menika saget
kasusun kanti lancar lan sae manut aturanipun.
Makalah kanti irah-irahan Larung Sembonya punika
mingangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat lan pirsa wawasan sejarah.
Makalah menika kasusun kagem njangkepi tugas Semester 1 mata pelajaran Bahasa
Jawa.
Mugi-mugi makalah ingkang kaserat dening penyerat
menika saget paring mapinten-pinten manfaat dumateng para sinten kemawon
ingkang maos. Kita sedaya minangka panyerat ugi katah kakirangan, pramila
panyaruhe saha panyendu tansah kita anti-anti.
A. SEJARAH LARUNG SEMBONYO
Sembonyo iku asline jeneng soko boneka mempelai sing
digawe soko beras ketan. Adonan tepung iki dibentuk koyo sajodho mempelai sing
sesandingan ing duwur prau la ana sajodho mempelai kang soko debog gedhang.
Debog gedhang iki dihias karo kembang kenongo lan melati, lecari. Amargo
Sembonyo iku gambarake mempelai dadi perlengkapan upacara adat Sembonyo ugo
dilengkapi karo seserahan utowo sesaji kayata upacara pernikahan tradisi
jawa. Tujuan Larung Sembonyo mujudake
rasa syukur nelayan lan njaluk kaselametan kanggo nelayan Prigi pas lagi
melaut. Hikayah ini nyeritakake tentang awal dibukane kawasan utowo babad alas
Teluk Prigi sing dadi cikal bakal utowo asal usul anane Upacara Larung Sembonyo
iki. Larung sembonyo iki biasane dilakoni pas Senin Kliwon bulan Selo. Upacara
adat Labuh Larung Sembonyo iki dilaksanakne ing Teluk Prigi, Desa Tasikmadu
utowo Karanggongso, Kecamatan Watulimo. Nanging upacara adat tradisional liyane
dilaksanakne ing Desa Tasikmadu, Prigi, Margomulyo, Karanggandu, lan
Karanggongso.
B. SUSUNAN
ACARA
Tahap
pelaksanaan upacara adat Larung Sembonyo dibagi dadi 2 tahap persiapan yaiku
malam widodaren gawe Sembonyo, kembang mayang, nyiapne encek utowo sesaji lan
nyiapne jaranan gawe pengiring. Tahap pelaksanaan upacara Larung Sembonyo iku
arak-arakan dibudalake soko Kantor Kecamatan Watulimo tumuju panggonan
pelelangan iwak sing uwis dihiasi kayata pesta pernikahan. Sembonyo diiringi karo petugas upacara ning formasi
sing uwis ditetepake yen uwis Sembonyo lan perlengkapang liyane dilarung ing
tengah laut.
C. SYARAT
UPACARA ADAT
Upacara
Larung Sembonyo dilaksanaake marang masyarkat kang dadi nelayan lan petani sing
dadi sarana kanggo ngehormati leluhur sing wis berjasa dadi pembuk a daerah
Teluk Prigi. Masyarakat ora kepingin nglalekake jasa pahlawan lan pendiri desa
Tasikmadu. Upacara LArung Sembonyo dilaksanakake setiap sasi Selo, dina Senin
Kliwon tiap tahune. Nanging seiringe perkembangan jaman Larung Sembonyo
diadakake dina Minggu Kliwon. Alasane dina Minggu iku libur dadi para wisatawan
bisa ndelok Upacara Larung Sembonyo. Syarat sing dilarungake yaiku tumpeng
gedhe sing diwenehi sayur-sayuran kayata lombok, kacang, gedhang, terong,
wortel lsp. Pelarungan Sembonyo lan seserahan iki disurung karo niat, harapan,
lan do’a supoyo oleh kaselametan lan oleh hasil laut lan darat sing melimpah.
Soko penjelasan materi ing duwur, kita saget nyimpulake yen mitos masyarakat Teluk Prigi tentang pembukaan Teluk Prigi merupakan asal usul anane Upacara Larung Sembonyo. Upacara Larung Sembonyo dilakokae saben sasi Selo dina Senin Kliwon nanging kanyatanane dilakokake dina Minggu Kliwon saben tahune. Pelaksanaane dilaksanakne oleh masyarakat nelayan lan petani kang dadi sarana kanggo ngehormati leluhur kang wis berjasa ngebukak kawasan Teluk Prigi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar